Rabu, September 30, 2009

kawula pitados

1. Kawula pitados ing Allah, Rama Sang Maha kuwasa, ingkang nitahaken bumi langit.
2. Saha ing Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem ontang anting Pangeran kawula
3. Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarba dening kuwasa Dalem Hyang Roh Suci
4. Ingkang nandhang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus, saha kapenthang, seda sarta kasarekaken
5. Tedhak dhateng naraka (papan pangentosan) tigang dintenipun wungu saking seda
6. Mekrad dhateng swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah, rama Sang Mahakuwasa
7. Saking ngriku badhe rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah
8. Kawula pitados ing Hyang Roh Suci
9. Pasamuwan Katulik ingkang suci, lan panunggiling para suci
10. Pangapuntening dosa
11. Tangining badan
12. Saha gesang langgeng. amin.

1 komentar: