**
Ibu marganing sih, Ulun langkung ajrih
Nyuwun kaampingan, nyuwun pitulungan..
raras reseping pasuryanta, dhuh N'jeng ibu pamintamba
o mugi tansah kawuryanna, paring tentrem wardayamba..ke **
sembah bekti Kenya piniji, dening Allah Hyang Ma'suci
dados Ibu Dalem Hyang Putra, kang arsa dados manungsa..ke **
lamun mulat mring pasuryanta, jroning pringga baya agung,
mokal yenta amba uwasa panwus pracayeng pitulung..ke **
nyata Ibu o pasuryanta, tinon karya sukeng manah,
asung jenjem asung pracaya, ywoncat yen ulun pejah..ke **
Rabu, September 30, 2009
ndherek dewi mariyah
ndherek Dewi Mariyah, temtu geng kang manah
boten yen kuwatosa, Ibu njangkung tansah
Kanjeng ratu ing swarga, amba sumarah samya ke **
nadyan manah getera, dipun godha setan
nanging batos engetnya, wonten pitulungan
wit Sang Putri Mariyah, mangsa tega anilar ke **
Menggah saking apesnya, ngantos kelu setan
boten yen ta ngantosa, klantur babar pisan
ugeripun nyenyuwun, itu tansah tetulung, ke **
**
sang Dewi, sang Dewi, mangestonana
sang Dewi, sang Dewi, mangestonana.

rama kawula
Rama kawula ing swarga, Asma Dalem kaluhurna. Kraton Dalem mugi rawuha. Karsa Dalem kalampahana wonten ing donya kados ing swarga.
Kawula nyuwun rejeki kangge sapunika. Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem, kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami. Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha, saha llinuwarna saking piawon. amin.

sembah bekti
Sembah bekti kawula, Dewi Maria, kekasihing Allah. Pangeran nunggil ing panjenengan dalem. Sami sami wanita Sang Dewi pinuji piyambak, saha pinuji ugi wohing salira Dalem, Sri Yesus.
Dewi Maria, Ibuning Allah, kawula tiyang dosa, sami nyuwun pangestu dalem, samangke tuwin benjing dumugining pejah. amin.

kawula pitados
1. Kawula pitados ing Allah, Rama Sang Maha kuwasa, ingkang nitahaken bumi langit.
2. Saha ing Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem ontang anting Pangeran kawula
3. Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarba dening kuwasa Dalem Hyang Roh Suci
4. Ingkang nandhang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus, saha kapenthang, seda sarta kasarekaken
5. Tedhak dhateng naraka (papan pangentosan) tigang dintenipun wungu saking seda
6. Mekrad dhateng swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah, rama Sang Mahakuwasa
7. Saking ngriku badhe rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah
8. Kawula pitados ing Hyang Roh Suci
9. Pasamuwan Katulik ingkang suci, lan panunggiling para suci
10. Pangapuntening dosa
11. Tangining badan
12. Saha gesang langgeng. amin.

angger angger sepuluh
Aku Pangeran Allahmu,
1. aja nembah brahala, ngemungna nembah marang Aku lan tresnaa marang Aku ngungkuli sakabehe
2. aja ngucapake Asmaning Pangeran Allahmu tanpa perlu
3. elinga anggonmu kudu nucekake dinaning Pangeran
4. ngurmatana bapa biyungmu
5. aja gawe raja pati
6. aja laku jina
7. aja nyenyolong
8. aja goroh
9. aja melik prakara jina
10. aja melik darbeking liyan. amin

angger angger lima
1. Mulyakna dina gedhe kang dipadhakake dina Ngahad
2. Ing dina Ngahad lan dina gedhe kang dipadhakake Ngahad, ndhereka Mis suci lan aja nindakake pagawean kang diwaleri
3. Pasaa lan seserika miturut dhawuh
4. Ngakua dosa apese setaun sepisan
5. Tampaa saliraning Gusti ing mangsa Paskah. amin

mbangun pangandel lan katresnan
Gusti, kawula pitados, Sampeyan Dalem punika mahakuwasa tuwin mahaadil, nanging ugi mahasae tuwin mahatresna.
Sampeyan Dalem sampung ngutus Putra Dalem perlu nebus dosa kawula, amrih kawula sageda willujeng lan nampi kabegjan langgeng.
Mila kawula tresna dhateng Gusti ngungkuli samukawis. Kawula ugi tresna dhateng sesami kados dhateng badan kawula piyambak.
Gusti, kawula aturi ngagengaken katresnan kawula. amin.

mbangun keduwung
Allah ingkang mahasae, kawula keduwung dhateng sadaya dosa kawula, margi tresna dhateng Sampeyan Dalem.
Kawula gadhah niyat, srana sih pitulungan Dalem boten badhe nglampahi dosa malih malih.
Gusti, kawula tiyang dosa, nyuwun kawelasan Dalem. amin.

Langganan:
Postingan (Atom)